DUMADINING DESA PURWODADI

en 30 April 2014 17:20:39 WIB


“Gemah ripah loh jinawi,
toto tentrem kerta raharja” (asta brata).
A. Kawontenan Desa Purwodadi
Desa Purwodadi inggih menika satunggaling desa ingkang mlebet wewengkon Kecamatan Tepus Kabupaten Gunungkidul ingkang dumunung ing iring kidul tlatah Gunungkidul arupi redi, samodra lan siti pategalan.

Gambar Peta Desa Purwodadi


Tapel wates Desa Purwodadi inggih menika :
- Sisih Ler tapel wates bumi kaliyan Desa Giripanggung,
- Sisih Wetan tapel wates bumi kaliyan Desa Balong, Girisubo,
- Sisih kidul tapel wates bumi kaliyan Samodra,
- Sisih kilen tapel wates bumi kaliyan Desa Tepus,

Foto 1 . Balai Desa Purwodadi.

Wiyaring tlatah Desa Purwodadi wonten 2177,5510 Ha. Tebih caketing papan paprentahan Desa Purwodadi dumugi Kantor Kecamatan Tepus 14 Km, Kantor Kabupaten 28 Km saha Kantor Pemerintah D.I.Yogyakarta 60 Km. Desa Purwodadi mujudaken satunggaling tlatah ingkang anggadhahi tata paprentahan ingkang sah kaliyan sampun dipun akeni dening Pamarentah Pusat. Desa mujudaken paprentahan ingkang anggadhahi :


1. Kukuban desa kanthi tapel wates ingkang gumathok.
2. Wonten warga ingkang mapan wonten tlatah utawi kukupan Desa Purwodadi ingkang mujudaken satunggaling pakempalan masarakat.
3. Anggadhahi tatacara utawi adat tumrap gesang sesrawungan antawisipun warga ing wewengkon wau ingkang mujudaken satunggaling pranatan.
4. Sampun jumbuh kaliyan paugeran nagari lan dados peranganing ingkang mboten saged kapisahaken.
Jumbuh kaliyan paugeran nagari, paprentahan desa utawi kalurahan nglampahi pranatan pusat saha daerah. Ingkang mekaten bebadan kaliyan lembaga ingkang ngesuhi desa ugi kawastanan miturut pranatan ingkang wonten.
Kawontenan pasiten ing Desa Purwodadi mujudaken pareden, tegalan saha wewengkon samodra. Wonten siti tegalan, pekawisan, pereng-pereng redi, siti kraton sinebat Sultan Ground utawi SG lan sanes-sanesipun. Ing papan ingkang miring kathah sela-sela utawi watu ingkang saged dipun ginakaken mawerni-werni kabetahanipun tiyang, dene iring kidul, kathah pinanggih samodra lan guwa minangka papan wisata ingkang asri lan nyengsemaken, antawisipun :
1. Samodra Banyutibo
2. Samodra Siung
3. Samodra Nglambor
4. Samodra Jogan
5. Samodra Timang
6. Samodra Ngitun.

Foto 2 . Ngitun, satunggaling samodra ing Purwodadi.
Kejawi kadadosan saking pareden, pategalan, samodra ugi anggadhahi kathah sumber toya ingkang saged migunani tumrap panggesanganipun warga, antawisipun :
- Sumber Mendala
- Sumber Mudal
- Sumber Mundel
- Sumber Kali Sureng
- Sumber Kali Wonosari
- Sumber Nduren
- Sumber Semurup

Foto 3. Sumber Toya Mudal.
Panguwaosaning siti ing Desa Purwodadi saged kaperang, ing antawisipun :
1. Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah kalurahan inggih menika siti kas desa, lungguh pamong, lan siti pengarem-arem.
2. Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah inggih menika siti kahutanan utawi AB lan sanes-sanesipun.
3. Siti ingkang dipun dadosaken hak milik pribadi utawi siti pekulen turun temurun.
4. Siti kagungan Dalem Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat Sultan Grond utawi SG.
B. Wewengkon Padhukuhan
Desa Purwodadi wonten sangalas padhukuhan ingkang dumados saking :
1. Padhukuhan Sureng I, dipun pangarsani dening Padhukuhan Sukatman,
2. Padhukuhan Danggolo, dipun pangarsani dening Iwan Alamsyah,
3. Padhukuhan Luwengombo, dipun pangarsani dening Aris Dwiyanto,
4. Padhukuhan Gesing I, dipun pangarsani dening Ngadiyono,
5. Padhukuhan Gesing II, dipun pangarsani dening Heri Wibowo,
6. Padhukuhan Kenis, dipun pangarsani dening Dwi Feriyanto,
7. Padhukuhan Brongkol, dipun pangarsani dening Jaka Supriyana,
8. Padhukuhan Gerotan, dipun pangarsani dening Supriyanto, S.Sos,
9. Padhukuhan Sureng II, dipun pangarsani dening Sugiman,
10. Padhukuhan Jimatan, dipun pangarsani dening Subekti, S.Pd,
11. Padhukuhan Wuluh, dipun pangarsani dening Wasto, S.IP,
12. Padhukuhan Ngande-ande, dipun pangarsani dening Suyanto,
13. Padhukuhan Kotekan, dipun pangarsani dening Wakino, S.IP,
14. Padhukuhan Duwet, dipun pangarsani dening Taofik,
15. Padhukuhan Cepogo, dipun pangarsani dening Sumardi,
16. Padhukuhan Ngandong, dipun pangarsani dening Sabat,
17. Padhukuhan Winangun, dipun pangarsani dening Paryanto, S.Sos,
18. Padhukuhan Cakbohol, dipun pangarsani dening Supoyo, S.Sos,
19. Padhukuhan Pringsanggar, dipun pangarsani dening Wajiyanto, S.Pd.
Panyengkuyunganipun para warga tumrap tlatah, kiwa tengen sanget ageng, semanten ugi pranatanipun wewengkon saged ndadosaken tata tentreming para warga.
Awit ingkang mekaten wau antawisipun wewengkon kaliyan para warga mboten saged kapisahaken, amargi kekalihipun tansah manunggal. Menawi katiti sakeplasan, masarakat Kalurahan Purwodadi sampun kaperang dados 19 padhukuhan ingkang satunggal kaliyan satunggalipun mboten sami.
Kersanipun pamarentah ngawontenaken padhukuhan-padhukuhan menika mboten kangge benten-bentenaken satunggaling paguyuban warga kaliyan paguyuban warga sanesipun, ing babagan menika kaajab kanthi wontenipun padhukuhan-padhukuhan kala wau saged ngrancanakaken lampahing laku jlantraning paprentahan wiwit pusat ngantos dumugi paguyuban-paguyuban warga ingkang alit piyambak. Pramila lurah anggadhahi tugas lan jejibahan paring katrangan saha nuntun para warga tumuju dhumateng manunggaling sedya, hamemayu hayuning bawana, luhuring budaya santosaning agama, bangsa lan nagari. Kanthi mekaten saged langkung terwaca, bilih kawontenaning wewengkon lan para warga ing Kalurahan Purwodadi namung satunggal, inggih menika lingkungan lan para warga Purwodadi.
Warga Desa Purwodadi tansah angleluri budaya adiluhung tilaranipun para leluhur ing nguni pinangka ngurmati labuh-labet bekti lan amanah ingkang dados piwucal luhur para sesepuh. Ing antawisipun ;
- Gotong royong.
- Aja dumeh.
- Wong Jawa aja ilang Jawane,
- Narima Ing Pandum,
- Watak andhap asor.
Sesambetan memitran warga satunggal kaliyan sanesipun tansah anggegulang raos kurmat-kinurmatan, andhap asor, lung tinulung, gotong royong, asah asih lan asuh. Agami minangka panuntun gesang dados landhesan, wewaler utawi pepakaliyang, pepadhang, pengayom lan pengayem, panuntun kiblating panembah dhumateng Ingkang Maha Wikan Allah ingkang Maha Kawasa. Adat budaya ingkang tasih lumampah lan dipun ugemi para warga Desa Purwodadi, ing antawisipun :
- Sambatan
Sambatan menika satunggaling adat budaya ingkang magepokan kaliyan pakaryan mbetahaken tenaga kathah. Para warga, magersari ing sak kiwa tengenipun tiyang gadhah damel kanthi caos panyengkuyungan arupi tenaga kangge ngrampungaken pakaryan kala wau. Pakaryan ingkang padatan mawi sambatan inggih menika ambangun griya.
- Rewang hajatan utawi sripah
Saben wonten tiyang kagungan damel hajatan utawi tiyang panandhang duhkita, boten badhe rampung tanpa panyengkuyunganipun sanak sedherek, magersari kanan-kering saking wiwitan ngantos purnaning gati.
- Gugur gunung utawi royongan
Gugur gunung utawi royongan magepokan kaliyan paguyuban makarya ing siti pategalan, olah tetanen, umumipun dipun tindakaken para ibu-ibu. Pakaryan gugur gunung utawi royongan dipun ayahi kanthi gantosan.


- Gerakan utawi Gerbuhan.
Gerakan (dipun waos Gera’an) menika satunggaling wujud makarya sesearengan, namung bentenipun kaliyan ing nginggil, biasanipun pakaryan ingkang magepokan kaliyan papan-papan kangge tiyang kathah utawi papan umum antawisipun; resik-resik margi, ambangun bale dhusun, masjid, ndadosi galengan, damel pager, lan sanes-sanesipun.
Sedaya pakaryan ing nginggil dipun lampahaken kanthi sae tanpa pamrih mboten ngantu-antu prabeya menapa dene upah. Sedaya adat budaya kala wau tasih lumampah ing desa menika ingkang dereng mesti dipun panggihaken ing wewengkon sanesipun. Para warga ngrumaosi bilih raos kekadangan menika mboten badhe saged tinumbas ngangge arta menapa bandha donya. Wontenipun namung raos lung-tinulung kaliyan tangga tepalih, magersari.

Foto 4. Satunggaling Gera’an resik-resik margi.
C. Para Warga
Warga Desa Purwodadi miturut ing palaporan Monografi Desa warsa 2017 kaserat :
- Warga Kakung : 3.855 Jiwa
- Warga putri : 3.825 Jiwa
- Gunggung sedaya : 7.680 Jiwa
Warga kasebat kedadosan saking : 2.655 Kepala Kulawarga.
1. Perangane Yuswa Warga
Warga Desa Purwodadi miturut yuswanipun ing warsa 2017 kados kaserat ing ngandhap menika :
No Umur Jumlah Kakung Putri
1 0 - 1 34 21 13
2 2 - 4 239 126 113
3 5 - 9 406 204 196
4 10 - 14 446 238 208
5 15 - 19 444 224 220
6 20 - 24 588 298 290
7 25 - 29 496 256 240
8 30 - 34 458 236 222
9 35 - 39 514 277 237
10 40 - 44 522 246 276
11 45 - 49 682 359 323
12 50 - 54 580 268 312
13 55 - 59 573 271 302
14 60 - 64 482 232 250
15 65 - 69 370 180 190
16 70 - 74 291 142 149
17 75 - 561 277 284
GUNGGUNG 7.680 3.855 3.825

 

2. Tataran Pawiyatan para warga
Miturut pawiyatan, Warga Desa Purwodadi Kecamatan Tepus ing warsa 2017 kados ing ngandhap menika :
No Pawiyatan Jumlah Kakung Putri
1 Mboten/Dereng Sekolah 1.608 720 888
2 Dereng Tamat SD 587 280 307
3 Tamat SD/Sederajat 3.229 1.624 1.605
4 SMP/Sederajat 1.617 870 747
5 SMA/Sederajat 553 307 246
6 Diploma I/II 22 14 8
7 Akademi/D III/Sj. Muda 22 10 12
8 Diploma IV/Strata I 42 30 12
9 Strata II 0 0 0
10 Strata III 0 0 0
GUNGGUNG 7.680 3.855 3.825


3. Pakaryanipun para warga
Peranganing para warga Desa Purwodadi Kecamatan Tepus miturut pakaryan, ing warsa 2017 kados ing ngandhap menika:
No Pakaryan Jumlah Kakung Putri
1 Dereng Makarya 1023 534 489
2 Tata Balegriya 266 0 266
3 Siswa 719 372 347
4 Pensiunan 27 23 4
5 PNS 32 27 5
6 TNI 0 0 0
7 POLRI 0 0 0
8 Bebakukaliyan 8 4 4
9 Olah Tani 3483 1549 1934
10 Pegawe Swasta 584 369 215
11 Pegawe BUMN 0 0 0
12 Pegawe Honor 6 3 3
13 Kuli 400 272 128
14 Buruh Tani 120 62 58
15 Pamong Desa 31 29 2
16 Wira Karya 866 532 334
GUNGGUNG 7.565 3.716 3.789


4. Warga Miturut Agaminipun
Wonten ing perangan agami, warga Desa Purwodadi Kecamatan Tepus ing warsa 2017 kados ing ngandhap menika :
No Agama Jumlah Kakung Putri
1 Islam 7.666 3.847 3.819
2 Kristen 14
3 Katholik 1 1 0
4 Hindu
5 Budha
6 Khonghuchu
GUNGGUNG 7.680 3.855 3.825


Foto 5. Masjid Al Fathonah ing Winangun
D. Pamong Desa lan Lembaga Desa
Kanthi lelandhesan Undang-Undang Negara Kesatuan Republik Indonesia Nomer 6 warsa 2014, ingkang ngatur babagan Desa, Pemerintah Desa inggih menika Kepala Desa kabiyantu dening Perangkat Desa pinangka perangan punggawa Paprentahan Desa. Kepala Desa minangka Pejabat utawi pangarsaning paprentahan pamarentah desa ingkang gadhah wewenang, jejibahan kaliyan wajib nglampahaken pranatan tuwin mobah mosiking panggulawenthah lumampahing desanipun kaliyan nglampahi jejibahan saking Pamarentah Pusat menapa dene pamarentah kabupaten.
Dene Badan Permusyawaratan Desa (BPD) minangka Lembaga ingkang nindakaken jejibahan Paprentahan ingkang anggotanipun mujudaken utusan saking warga desa, utusan saking wewengkon padhukuhan.
Miturut pranataning utawi Peraturan Bupati Gunungkidul Nomor 36 Tahun 2016 ingkang ngatur babagan Struktur Organisasi Dan Tata Kerja Pemerintah Desa, Pemerintah Desa menika kadadosan saking :
1. Kepala Desa : Sucipto
2. Sekretariat Desa :
a. Sekretaris Desa : Menik Darmiyati, S.Sos
b. Kepala Urusan Tata Usaha & Umum : Sapari, S.Sos
c. Kepala Urusan Keuangan : Novianto Eko. P, SE
d. Kepala Urusan Perencanaan : Suprapto
3. Pelaksana Teknis ( Kepala Seksi ) :
a. Kepala Seksi Pemerintahan : Suyanto, S.IP
b. Kepala Seksi Kesejahteraan : Suroyo, S.Sos
c. Kepala Seksi Pelayanan : Romadhoni Agushadi
4. Unsur Kewilayahan ( Dukuh )
Kepala Desa kabiyantu dening sangalas dhukuh ingkang nggadahi jejibahan dhumateng wewengkonipun piyambak-piyambak.
5. Staf desa
Kejawi menika, saben Kepala Urusan saha dene Kepala Seksi ugi dipun bantu dening staf desa.

Struktur Organisasi Tata Kerja Pemerintah Desa ing pemerintahan Desa Purwodadi kagambaraken kados bagan ing ngandhap menika.

Foto 6. Stuktur Orgnisasi Paprentahan Desa Purwodadi

Gambar ing nginggil, njlentrehaken peranganing pamong desa, jejibahanipun, saha gandheng ceneng antawisipun satunggal pamong kaliyan pamong sanesipun, saking Kepala Desa, Carik, Kepala Seksi, Kepala Urusan dumugi Dhukuh. Kejawi pamong desa, ugi wonten lembaga BPD minangka wakil para warga.

Foto 7 . Para Pamong Desa Purwodadi.

Kangge nuhoni jejibahan minangka pemerintah desa, Kepala Desa Purwodadi kabiantu perangkat desa ugi anggadhahi lembaga utawi bebadan desa ingkang jejibahanipun sabiantu Pamarintah Desa Purwodadi, antawisipun :
1. LPMD : 1 lembaga
2. LPMP : 19 lembaga ( 19 padhukuhan )
3. RW : 19 lembaga ( 19 padhukuhan )
4. RT : 65 lembaga
5. PKK : 1 lembaga
6. Karang Taruna : 1 lembaga
7. BKD : 1 lembaga
8. Gapoktan : 1 lembaga
Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Desa (LPMD), Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Padukuhan (LPMP), Rukun Warga (RW) kaliyan Rukun Tetangga (RT) menika lembaga wajib desa. PKK lan Karang Taruna minangka salah setunggalipun bebadan desa landesanipun kanthi Peraturan Desa, ugi anggadhahi pranatan piyambak miturut pranatan pamarintah sanesipun. Kejawi PKK saha Karang Taruna Desa, ugi kadamel PKK saha Karang Taruna Padhukuhan.

E. Tatacara budaya
Warga masarakat Desa Purwodadi tansah ambudidaya saha angleluri tatacara lan budaya warisan leluhuripun. Tatacara kaliyan kabudayan kala wau inggih menika ingkang anggadhahi piwucal kasaenan tumraping gesang. Antawisipun ;
1. Adat kaliyan Tatacara
a. Adat :
1. Upacara Rasul utawi Bersih Desa
Upacara adat rasul menika tasih lestantun ing Desa Purwodadi. Upacara tradhisi rasulan wonten Winangun, Desa Purwodadi dipun awiti kanthi ritual ngalangi ing samodra Nglambor, kalajengaken kiprah seni tradhisional tayub ing ndalunipun, saklajenngipun ing malem Rabu Legi dipun kiprahaken seni tradhisional kethoprak kaliyan ing dinten Rabu Legi kirang langkung tabuh 07.00 WIB, saben warga masarakat nindaaken tradhisi masang, inggih menika masang sekul golong jangkep lawuhipun saking dalemipun piyambak-piyambak tumuju ing margi ugi dipun kantheni wuduk ingkung kanthi sebatan sekul suci ulam sari saking pamong desa. Sasampunipun dipun kempalaken, sega golong kalawau salebeting margi dipun pikul dening para warga kanthi cucuk lampah dipun pangarsani dening para tetuwangganing dhusun kaiiring warga ingkang ngasta panjang ilang, inggih menika ubo rampe utawi wadhah sesaji saking janur kuning kaiirng kelompok seni tradhisional ing antawisipun; reog, jathilan, dhoger, shalawatan, saha kesenian sanes-sanesipun tumuju lapangan dipun aturaken dhumateng tetuwangganing bergada.

Foto 8. Upacara kirab budhaya

Awit dipun damel kanthi mawarni-warni arupi pepethan utawi simbol among tani, kewan ternak, lajeng mina lan sanes-sanesipun miturut kawontenan ing Desa Purwodadi, salajengipun kakirabaken tumuju Balai Desa Purwodadi.

Foto 8. Wujudipun Gunungan
Sasampunipun iring-iringan dumugi ing bale desa kanthi kairing ungeling gendhing Jawa, margi dipun pasrahaken dhumateng Kepala Desa pinangka pengageng upacara. Lajeng dipun pasrahaken dhumateng kaum utawi juru kunci supados dipun agem ubarampe Gendhuri.

Foto 9. Pasrah Gunungan dhumateng lurah

Adicara gendhuri dipun awiti tabuh 12.00 WIB sedaya pasarta kirab, pamong desa, perabot pemerintah kecamatan, perabot pemerintah kabupaten kaliyan para warga masarakat ndherek upacara kendhuri menika, ingkang dipun pangarsani dening dening Kaum. Gendhuri dipun awiti kanthi maos ekral, nggih menika ngaturaken satunggal mbaka satunggal nami sesaji, ancas sesaji, kados ingkang dipun aturaken Mbah Tobeng pinangka Juru kunci rasulan, bilih, rasulan niku kedah mawi Gendhuri, pirantinipun mawarni-warni sajen kadosta, wonten tumpeng, sekul golong, jenang kaliyan sanes sanesipun, ancasipun kagem caos pakurmatan dhumateng arwah para leluhur lan makhluk ghaib ingkang mbahureksa bumi Desa Purwodadi mriki. Pungkasaning adicara gendhuri inggih menika ngodhol margi.

Foto 10. Upacara Gendhuri rasulan

Foto 11. Ngodhol Gunungan
2. Upacara Ngalangi ing pesisir Nglambor
3. Upacara Ruwatan
4. Upacara Besik Gunung Batur, Besik Kali, Besik Dhusun.
Mapan ing tlatah Gunung Batur wonten wujudipun watu Suweng, nalika ing nguni dipun pitados minangka lambaraning wadhah toya wudlu utawi Padasan. Dening para warga tasih dipun uri-uri kaliyan dipun lestantunaken, saengga kangge caos pakurmatan, saben warsa Sasampunipun panen palawija dinten Jum’at Legi saderengipun lumebet wekdal sholat Jum’at dipu adani upacara ritual Brakahan, satunggaling upacara kenduri kanthi ubarampe mawarni-warni kasilipun para amongtani palawija, amargi sadangunipun wonten papan mriku Sunan Kalijaga mboten dhahar sekul ananging dhahar uluwetu palawija utawi brakahan sinebat Pasa mbrakah.
5. Suran, Muludan, Rejeban, Ruwahan, Selikuran, Riyaya, Besaran,
6. Upacara Gumregan, kirim ndowa, sriyatan utawi Pasang Gawar.
b. Tatacara
Wonten ing Desa Purwodadi engga wekdal menika tasih dipun uri-uri kaliyan dipun lestantunaken wontenipun tatacara adat tradhisi budaya Jawa tilaranipun para leluhur minangka tandha raos syukur lan perlambang panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Alloh SWT.
1. Kagem tiyang gesang, dipun adani dening kulawarga ingkang kagungan gati piyambak, ing antawisipun :
- Puputan Bayi
- Tetakan
- Tingkeban
- Punaran pengantin
- Sepekenan pengantin
- Momongi bale wisma enggal
- Momongi munggah suwunan.
2. Kagem kintun donga dhumateng para arwah ingkang sampun kondur dhateng kasedan jati, ing antawisipun;

- Surtanah
- Pitung dinten
- Kawandasa dinten
- Satus dinten
- Pendhak sepisan
- Pendhak pindho
- Sewu dinten.
3. Kagem nelaaken raos tanggel jawab dhumateng para leluhur, pakurmatan dhumateng titahing Gusti ingang mapan wonten ing jagat madya kaliyan jagat nyata satemah manggih laras gesangipun. Upacara tradhisi budaya Jawa genduri utawi kenduri menika dipun adani para warga ingkang sami makempal wonten ing papan jumbuh adicara ingkang magepokan kaliyan :
- Kirim ndowa tandur
- Kirim ndowa cas gagang
- Brakahan ing Gunung Batur Watu Suweng
- Gumregan
- Ngalangi ing pesisir Nglambor
- Bresik Kali Sureng, Bresik Dhusun Gesing
- Rasulan ing Winangun, Danggolo, Gerotan.

4. Tatacara adat tradhisi ingkang magepokan kaliyan gesang bebrayan, kanthi lampahan tatacara :
o Lamaran
o Pasrah Sarana
o Kendhuri Wilujengan utawi Memule
o Pasang Tarub
o Midodareni
o Punjungan
o Ijab-Kabul
o Panggih Manten
o Walimahan Resepsi
o Tepung Besan

2. Olah Seni lan Permainan Bocah
a. Olah Seni
Olah seni ingkang tansah lestantun ing Desa Purwodadi dumugi wekdal menika antawisipun :
1. Ringgit Wacucal 7. Srandhul
2. Karawitan 8. Qosidah
3. Ketoprak 9. Gejog Lesung
4. Reyog lan Jathilan 10. Thoklik
5. Tari Topeng 11. Tari-tari.
6. Terbang (sholawatan)

Foto 12. Kiprahipun karawitan putri Padhukuhan Danggolo

Mapinten –pinten paguyuban seni tradhisi ingkang tasih ngrembaka saha papan dumunungipun ing Desa Purwodadi kados dene ingkang dipun serat ing ngandhap menika,


Foto 13. Mawarni-warni seni budaya ing Desa Purwodadi

b. Permainan Bocah
Permainan bocah ingkang tasih ngrembaka ing Desa Purwodadi, antawisipun ;
1. Gobag Sodor 5. Egrang
2. Sundha Mandha 6. Gangsingan
3. Benthik 7. Dakon
4. Gotho 8. Jethungan.
3. Tata basa, Sastra, lan Aksara
a. Basa
Tatabasa kanthi krama madya menapa dene krama hinggil kejawi wonten ing pangandikan saben dintenipun, ugi wonten ing adicara upacara adat, antawisipun :
1. Sesorah
2. Pranata Cara
3. Pambagya harja
4. Panglamar manten
5. Panampi
6. Ikral Gendhuri
7. Pamit Lalayu
8. Wilujengan

Amargi dipun raosaken sanget wigatosing babagan tata basa Jawa alus lan leres menika, lajeng ing warsa 2018, Pemerintah Desa Purwodadi ngawontenaken pawiyatan utawi gladhen sesorah basa Jawa, ngadibusana gagrag Nyayogjakarta jangkep kagem para wiranen kaliyan pamong desa. Kanthi gladhen menika kaajab tata basa Jawa saha tata ngadibusana gagrag Ngayogjakarta jangkep ingkang sae lan leres menika saged lestantun ing Desa Purwodadi.

Foto 14. Para Pasarta Nalika Gladen Sesorah


b. Sastra
Babagan olah sastra, warga Desa Purwodadi dumugi wekdal menika ugi satuhu nglestantunaken, antawisipun :
1. Panembrama
2. Macapat
3. Paribasan, cangkriman
4. Kapustakan Jawa ( buku – buku )
5. Dongeng, lss.
c. Aksara
Aksara Jawa tumraping warga Desa Purwodadi satunggaling warisan leluhur ingkang kedah dipun lestantunaken. Mapinten-pinten lampah ingkang dipun budidaya antawisipun :
1. Tulisan Papan Pituduh.
2. Tulisan Papan Ruangan.
3. Sengkalan .
4. Pawiyatan.
5. Piwucalan ing Sekolah

4. Daharan Lawas utawi Kuliner lan Pakaryan
a. Dhaharan Lawas
Wujuding dhaharan lawas ing Desa Purwodadi mboten benten kaliyan desa sanesipun, antawisipun :

1. Klethi’an
Menika daharan alit ingkang saged dipun damel saking tela, kacang, dele, beras, krowotan, pisang, lss.
2. Sega abang,
3. Sambel Pecel,
4. Gudeg , Sayur Lombok,
5. Wedang Jahe,
6. Peyek, ampyang, puli-tempe, tempe mandhing, jadah ketan,
7. Jamu

Anggenipun ngracik lan ngolah, warga Desa Purwodadi tasih ngginakaken sarana lan ngleluri budaya warisan leluhuripun. Taksih ngagem kajeng utawi kayu obong, anglo, lemper munthu saking kayu utawi sela, kendhil, kukusan, lan sanes-sanesipun.

Foto 15. Piranti lan cara masak kuno
Kejawi dhaharan ingkang dipun cawisaken ing saben dinten kangge kabetahan kulawarga, ugi tasih wonten mawarni-warni wujudipun dhaharan kangge kacekapan ubarampe upacara adat, kados dene ing ngandhap menika.
- Tumpeng Alus,
- Jenang abang,
- Sekul Golong,
- Sekul Giling Sasupit,
- Sekul suci ulam sari,
- Tumpeng Robyong,
- Pisang raja,
- Jajan Pasar,
- Rak-rakan,

b. Pakaryan
Warga Desa Purwodadi saperangan ageng warganipun among tani, anggenipun sami tetanen ugi kanthi tatacara tradhisional. Sae sarana piranti utawi tatacara tandur, panen kaliyan sanes-sanensipun. Sesarengan olah tani, kadang tani ing Desa Purwodadi ugi gadhah pakaryan samben minangka misayamina utawi nelayan, bakul, nggulawentah wisata, lan ngingah kewan kanthi ingah-ingahan lembu miwah mendha. Sedaya wau kabudidaya kangge kabetahan amrih gesang sedayanipun.

Foto 16. Suwasana ing tegalan

Foto 17. Among tani nalika ani-ani pantun.
Pakaryan samben ingkang lestantun ing Desa Purwodadi antawisipun ugi wonten kerajinan saking deling utawi pring ingkang awujud anyam-anyaman tenggok, tampah, kukusan, kepang, gedhek kaliyan ngolah dhedaharan. Saperangan malih, warga masarakat ugi makarya minangka tukang kayu, tukang batu ingkang damel griya, piranti griya utawi meubel lan sanes-sanesipun.

Foto 18. Wujudipun kerajinan pring.

Foto 19. Pakaryan tukang kayu.

Foto 20. Pakaryan samben dados bakul tempe.
5. Warisan Budaya kaliyan Arsitektur
a. Warisan Budaya
Warisan budaya ing Desa Purwodadi wonten ingkang awujud tatacara ugi wonten ingkang awujud barang menapa dene papan panggenan. Antawisipun :
1. Tosan Aji kadasta; keris, tombak, patrem, pedhang, kaliyan Akik utawi Batu mulia.
2. Petilasan Sunan Kalijaga ing Gunung Batur
3. Siti Sultan Ground
4. Piranti lawas utawi alat-alat kuno
5. Serat kuno
6. Gamelan utawi gangsa
7. Gunung Pertapan Bajo

Foto 21 . Petilasan Sunan Kalijaga ing Gunung Batur


Foto 22 . Gangsa ing bale Desa Purwodadi

Foto 23. Tosan Aji Keris lan tombak

Foto 24. Piranti lawas / alat kuno, Lesung-Alu.

Foto 25. Serat Kuno ingkang tasih kasimpen.
b. Arsitektur
Mapinten-pinten wewangunan ingkang mujudaken ciri khas utawi warisan budaya bangsa mliginipun tiyang Jawa wonten ing Desa Purwodadi, antawisipun :
1. Tugu wates;
2. Pesareyan arupi; cungkup, maesan;
3. Griya adat arupi; joglo, limasan, litring, kampung;
4. Wangunan Kantor Kepala Desa;



Foto 26. Wewangunan bale Desa Purwodadi



Foto 27. a. Griya Joglo kawistara saking nJawa, b. sak lebetipun


Foto 28. Griya Limasan ingkang tasih lestantun

Foto 29. Tugu Wates.
Sedaya wewangunan ingkang sampun kaserat ing nginggil, tasih kathah ing wewengkon Purwodadi, gambar ing nginggil kala wau namung saperangan alit kemawon. Ing sadhengah papan asring dipun panggihaken wewangunan kasebat. Wonten ing karang pradesan wewengkon padhukuhan tasih kathah wujudipun wangunan griya limasan, griya kampung, kaliyan saperangan alit griya joglo kagunganipun para warga. Ugi ing saben panggenan, bale padhukuhanipun wujud Joglo senajan saking cor-coran semen. Tugu wates ugi mujudaken tilaranipun para pangarsaning desa jaman rumiyin.
Para warga lan pinisepuh pitados bilih Desa Purwodadi sampun wonten wiwit jaman rumiyin. Saderengipun dados Desa Purwodadi, sampun wonten wewengkon ingkang sampun dipun panggeni para warga, ingkang sampun gadhah pranatan tumrap gesang sesarengan. Wewengkon utawi tlatah menika sinebat kalurahan lami inggih menika, Winangun, Danggolo, lan Gesing ingkang dados cikal bakal dumadining Desa Purwodadi. Namung samenika kathah cariyos ingkang warni-warni, lan sedaya gadhah lelandhesan saha pamanggih piyambak-piyambak.
Kalurahan Purwodadi menika kadadosan saking manunggaling tigang kalurahan lami inggih menika Kalurahan Winangun, Danggolo miwah Gesing. Tigang kalurahan menika anggadhahi tekat ingkang manunggal, amargi para warganipun saha perabot desa ingkang ngasta pangarsaning paprentahan menika kaleresan tasih wonten sambet pasedherakan miwah sambet bebrayan para putra wayah lurah kaliyan para warga ing tigang kalurahan.

1. Bumi Winangun
Saderengipun wonten karang pradesan ing wewengkon Purwodadi, kawontenanipun tasih arupi wana kathah wit-witan ingkang ageng lan dereng wonten ingkang ngambah. Wonten cariyos bilih desa menika sampun wiwit jaman semanten, kathah ingkang pitados bilih desa menika sampun wonten ing jaman bibaripun paprentahan Majapahit, kaleres para pendherekipun Brawijaya V saking Kraton Majapahit ingkang mlajar dumugi wewengkon Gunungkidul mliginipun tlatah ingkang samenika kasebat Purwodadi.
Wonten cariyos sanesipun, nalika semanten Sunan Kalijaga lelaku nyebar piwucal agami Islam ing tanah Jawa ngantos dumugi wonten tlatah Gunungkidul. Nalika Sunan Kalijaga mlebet ing tlatah Purwodadi dipun dherekaken abdi kinasih antawisipun; Pawirosekti, Mbah Barat, Mbah Bendha, Mbah Dalem utawi Diposetiko, Nyai Dalem saha Nyai Kancing. petilasan tilaranipun Sunan Kalijaga lan pandherekipun ing tlatah Purwodadi, mapan wonten ing Gunung Batur utawi Watu Suweng, kalebet cungkup petilasan Mbah Barat lan Mbah Bendha. Para leluhur menika dipun pitados nggadhahi ngelmu daya linuwih, saengga saged babat alas gung liwang-liwung ngantos dados karang pradesan.
Wonten ing kukuban Gunung Batur utawi Watu Suweng, tasih dipun panggihaken tilas-tilas Sunan Kalijaga nalika lampah syiar agami Islam ing tlatah Jawa, jumbuh kaliyan cariyos ingkang kaserat ing ngginggil menika.
Miturut cariyos sanesipun, tiyang ingkang miwiti babat alas ing wewengkon kala wau inggih menika Kyai utawi mbah Dalem kaliyan garwanipun, Nyai Dalem. Sasampunipun babat alas, mbah Dalem lan garwanipun lajeng ambangun saha mranata kawontenan wana utawi alas wau dados karang pradesan ingkang sae saged kangge papan pangesangan. Sangsaya dangu sangsaya kathah tiyang ingkang dumugi lan kepranan, kepingin gesang wonten papan panggenan menika manunggal kaliyan mbah Dalem saha Nyai Dalem. Panggenan kala wau dados regeng, kawontenan ingkang tumata kanthi sae, asri lan dados karang pradesan. Pramila papan menika sinebat Winangun, saking tembung wangun. Asring dipun wastani bumi sepuh Winangun, awit desa menika dipun pitados wonten langkung rumiyin tinimbang papan sanesipun.
Winangun sangsaya ngrembaka ugi kathah warga ingkang dumugi wonten papan mriku kalebet piyantun sinebat Ki Kariyo Setiko kaliyan garwanipun. Ki Kariyo Setiko dipun pitados satunggaling tiyang saking tlatah desa sanes ingkang lumebet saha mapan ing desa Winangun.
Amargi desa Winangun sangsaya dangu, sangsaya kathah warganipun, dipun raos saya rupak, pramila kangge nambah wiyaripun siti, para warga sarujuk babat alas ing papan sanes kangge gesang para warga saking Winangun. Wewengkon ingkang dipun babat salajengipun inggih menika sisih Kilen wewengkon Danggolo lan sisih Ler wewengkon Gesing. Kalih papan wau dereng wonten pangarsaning paprentahan utawi lurah.
Desa menika ingkang dados cikal bakal dumadining wewengkon Purwodadi ingkang kedadosan manunggaling tigang Kalurahan.

Foto 30. Pasareyan Mbah Dalem kaliyan garwa
Sanesipun piyantun kala wau, tasih wonten piyantun malih ingkang sinebut Nyai Kancing satunggaling tiyang ingkang dumuginipun sesarengan kaliyan Mbah Dalem, lajeng mapan wonten tlatah Winangun. Dipun wastani Mbah Kancing amargi nggadhahi ngelmu jaya kawijayan linuwih, saengga saged ngancingi utawi mepalangi desa saking sawernaning bebaya. Nyai Kancing gesang ngantos seda, dipun sareaken wonteng ing Padhukuhan Winangun.
Masarakat pitados bilih leluhuripun ngantos dumugi samenika tasih dipun uri-uri sae menika pasareyanipun ugi piwucalipun.

Foto 31. Cungkup pasareyan Nyai Kancing.

Awit wiyaripun kukuban lan para warga sangsaya kathah, pramila desa Winangun dipun perang-perang dados mapinten-pinten padhukuhan. Ancasipun, mboten kangge misahaken para warga kaliyan mbenten-mbentenaken satunggaling padhukuhan kaliyan padhukuhan sanesipun. Padhukuhan dipun damel kangge nggampilaken lampahing paprentahan. Lajeng dipun perang dados sangang padhukuhan ingkang dipun pangarsani dening Kepala Dhukuh.
Bumi Winangun menika arupi redi, pategalan, samodra lan kathah sumber toya resik kangge gesang para warga. Kejawi makarya amongtani, para warga ugi makarya misayamina utawi nelayan ing wewengkon samodra kidul. Wewengkon Winangun wiyar piyambak tinimbang kaliyan kalurahan Danggolo lan Kalurahan Gesing, saengga siti garapan para warga lan siti lungguh pamong desa ugi langkung wiyar. Kawontenan menika saged njalari panggesangan ingkang saya sakeca.

2. Bumi Danggolo
Kukuban Kalurahan Danggolo ingkang rumiyin mapan sisih kilen ing wewengkon Winangun. Salajengipun Danggolo kadadosan saking Danggolo lan Sureng. Wewengkon Danggolo arupi redi, siti pekawisan, siti pategalan, tlogo, lan samodra. Panggesangan para warganipun mboten benten kaliyan warga desa sanesipun. Saperangan ageng nindaaken pakaryan among tani ing pategalan, tukang kayu, lan misayamina utawi nelayan ing samodra Timang.
Saking mapinten-pinten cariyos para pinisepuh lan sesepuh ing wewengkon Danggolo, bilih desa Danggolo sampun wonten wiwit jaman semanten. Wonten ingkang nyariosaken bilih piyantun-piyantun ingkang dados cikal bakaling paprentahan ing desa menika antawisipun Ki Donolesono, Ki Donosuto, Ki Inuk, miwah putra wayahipun.
Nami Danggolo dipun pitados kadadosan saking tembung Kadange Para Manggala (Danggala). Tegesipun, desa Danggolo menika tasih nggadhahi kekadangan kaliyan para manggala tetuwangganing praja ing Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat. Amargi wontenipun kemajengan babagan basa lan sastra ing pawiyatan ingkang ngginaaken tatacara panyerating basa nagari Indonesia, ndhadosaken wonten ewah-ewahan babagan panyebating desa Danggala dipun serat Danggolo (dipun waos Dhanggolo). Wonten ing pranataning paprentahan desa, ugi kaserat Danggolo.
Saderengipun wewengkon Danggolo dados satunggaling desa ingkang sah miturut pranataning nagari Indonesia, tlatah menika sampun wonten piyantun ingkang dipun pitados dening para warga ing mriku pinangka tetuwangganing desa, asring kawastanan Lurah. Lurah nalika semanten nembe winates dados pangarsaning desa kemawon, dereng dipun serat kanthi sah jumbuh kaliyan paugeran. Nembe sasampunipun Nagari Indonesia Merdika, wiwit wonten babagan pranataning nagari kalebet paprentahan ing desa. Jumbuh kaliyan pangandikanipun para pinisepuh ing wewengkon Danggolo, lurah ingkang ngasta nalika samanten wiwit Ki Dono Lesono ingkang mapan ing tabon Luwengombo dumugi sedanipun lan dipun sarekaken ing Pasareyan Jetis. Perkawis wekdal saha warsa kadadosanipun dereng wonten ingkang pirsa, pramila namung kaserat asmanipun. Sasampunipun Ki Dono Lesono purna anggenipun ngasta lurah, jejibahan lurah dipun asta dening Ki Dono Suto. Ki Dono Suto menika putranipun Ki Dono Lesono, mapan ugi ing griya tabon Luwengombo dumugi sedanipun kasarekaken ing Pasareyan Jetis.
Cariyos salajengipun, lurah ing wewengkon Danggolo nalika samanten dipun asta dening Mbah Inuk ingkang mapan ing tlatah Pakelasem mapan iring Ler padhukuhan Danggolo ngantos dumugi sedanipun kasarekaken ing pasareyan Ngompang-ompang. Manut cariyos para pinisepuh pancen kados mekaten mboten wonten ingkang mangertos asma sejatosipun. Namung wonten saperangan alit ahli warisipun ingkang tasih sugeng namung dereng saged ngandharaken kanthi gamblang.
Sasampunipun bangsa Indonesia mardika, wiwit wonten pranataning nagari ingkang sampun gumathok kalebet sedaya wewengkon ing Kabupaten, Kawedanan, Kapanewon ugi ing Kalurahan. Gandheng wewengkon Danggolo menika dereng wonten ingkang dados penguwaos ingkang jumbuh kaliyan paugeran nagari, pramila pengageng Kraton Ngayogjakarta ngutus satunggaling demang kawastanan Ki Demang Mangun Wirono ingkang kaleres Abdi Dalem, dipun utus dening kraton supados mranata kaliyan njagi wewengkon menika minangka Jagawana, inggih menika tiyang ingkang nggadhahi jejibahan njagi wana ing wewengkon Danggolo. Pambudiyanipun Ki Demang Mangun Wirono, kasunyatan saged ambangun kawontenan dados sae saengga para warga sarujuk netepaken Ki Mangun Wirono dados Lurah Danggolo. Paprentahan wekdal semanten sampun tumata lan lumampah kanthi sae, kasunyatan seratan- seratan lawas dipun panggihaken. Ki Mangun Wirono gesang bebrayan kaliyan satunggaling warga saking tlatah Danggolo mapan ing Pakelasem nurunaken putra wayah dumugi wekdal samenika.
Sasampunipun Ki Mangun Wirono puput yuswa, kasarekaken ing sasana laya kulawarga Buh Kuning, jejibahan lurah ing Danggolo lajeng dipun asta dening Lurah Mangun Pawiro. Ki Mangun Pawiro menika putra Mangun Wirono minangka lurah Danggolo ingkang pungkasan, sak derengipun desa menika dipun dadosaken setunggal inggih menika Kalurahan Purwodadi. Punjering paprentahan kalurahan Danggolo mapan wonten ing kukuban Pakelasem, dalemipun Ki Mangun Pawiro arupi griya Joglo kayu jati. Lurah Mangun Pawiro kaliyan garwa kagungan putra cacah gangsal inggih menika, Umiyati, Suratman, Mulatsih, Darsih, saha Darmi. Wedal samenika pekawisan Pakelasem komplang utawi suwung, amargi griya joglo kala wau dipun warisaken lajeng dipun boyong dening putra wayahipun ingkang mapan ing sajawining wewengkon Purwodadi.
Nalika semanten, lampahing paprentahan ing kalurahan Danggolo dipun asta Lurah kabiyantu dening pamong desa, ing antawisipun: Jagabaya, Jaga Miruda, Kemakmuran, Kaum, Ulu-ulu, dereng wonten peranganing tlatah kados dene padhukuhan. Sasampunipun desa menika sangsaya ngrembaka, para warganipun sangsaya kathah, para pamong desa ngraosaken reribet anggenipun nglampahaken paprentahan ing Kalurahan Danggolo, saengga wewengkon menika dipun perang-perang dados tlatah padhukuhan. Padhukuhan ing kukuban kalurahan Danggolo lami inggih menika, Padhukuhan Danggolo, Padhukuhan Salam, kaliyan Padhukuhan Sureng.
Putra wayah Ki Mangun Pawiro ugi wonten ingkang bebesanan kaliyan putra wayah Radyo Suwito ing Winangun. Kawontenan menika, saged njalari rumaketipun pasedherekan antawisipun kalurahan Danggolo kaliyan kalurahan Winangun.

3. Bumi Gesing
Bumi Gesing menika kadadosan saking tlatah Gesing kaliyan tlatah Gerotan. Panyerat miwiti cariyos saking wewengkon Gerotan. Sebatan Gerotan wonten kalih cariyos ingkang dipun andharaken narasumber. Cariyos sepindhah, wonten wit ageng mapan ing sisih Ler kaliyan sisih Kidul lurung, ingkang pang kaliyan godhongipun sami gepok-senggol saengga ngedalaken suanten gerat-gerot, lajeng dipun wastani Gerotan. Cariyos kaping kalih, saking tembung Garot tegesipun Sejati, Tani tegesipun Among Tani. Lajeng dipun wastani Garotani, dados Garotan, lajeng dipun waos Gerotan. Mengku teges bilih para warga ing kukuban menika makarya pinangka amongtani ingkang sejati, run-temurun wiwit para leluhuripun.
Piyantun ingkang dados cikal bakaling desa menika kawastanan Mbah Lazi, dipun pitados satunggaling piyantun saking Pasar Wage, Ngayogjakarta, ingkang dumugi lan gesang ing wewengkon menika, mapan ing iring Wetan lurung. Amargi ing tlatah mriku wonten satunggaling sumur ingkang toyanipun kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Sumur menika tasih wonten toyanipun mboten nate asat senajan ing mangsa ketiga. Mbah Lazi gesang bebrayan lan kagungan putra wayah wonten ing wewengkon menika. Papan griya Mbah Lazi kaliyan putra wayah menika ingkang dados cikal bakal punjering desa Gerotan.
Salajengipun, manut cariyos ing Desa Gerotan dipun rawuhi satunggaling Bekel saking Sodo Giring ingkang sumusul Mbah Lazi, mapan ing wewengkon menika. Bekel menika dipun pitados satunggaling kerabat Kraton Ngayogjakarta. Mbah Lazi kaliyan Bekel kabiyantu putra wayahipun nindakaken pakaryan kanthi olah tetanen, sinambi ngingah sato kewan ing sakiwa tengening sumur kala wau. Saya dangu wewengkon menika sangsaya ngrembaka lan para warganipun sangsaya kathah. Mbah Lazi saha Bekel menika ingkang dipun pitados minangka pangarsaning desa. Mekaring siti utawi wewengkon sumur menika ing sisih Ler dados dhusun Jimatan, sisih Kilen dumugi kukuban Wareng utawi Padhukuhan Brongkol, lan sisih Ler Kilen dumugi tlatah Mojing lan Pule utawi Padhukuhan Kenis. Para warga sami gotong royong, guyub rukun, ayem tentrem. Para leluhur ing wewengkon Gerotan ugi nilaraken puwical ingkang sanget dipun ugemi lan dadhos tuntunan para warga ing kukuban Gerotan dumugi wekdal samenika. Piwucal kala wau arupi sesanti :
TIJI TIBEH : Mukti Siji Mukti Kabeh
Mati Siji, Mati Kabeh
Piwucal menika mengku teges, bilih sedaya warga nggadhahi raos ingkang sami, sae nalika suka parisuka utawi nembe nandhang duhkita. Awit wontenipun piwucal saking para leluhur menika, kawontenan ing tlatah Gerotan sangsaya tumata lan guyub warganipun ing samukawis pakaryan kalebet nuhoni adat tradhisinipun. Wewengkon Gerotan tasih nindaaken upacara tradhisi rasulan ing dinten Senin Legi.
Sesarengan kaliyan cariyos cikal bakal desa Gerotan, ing tlatah Gesing ugi sampun lumampah punjering pranatan para warga ingkang dipun pangarsani dening dening Lurah. Dipun cariyosaken bilih Lurah ingkang ngasta nalika semanten Lurah Parjiman, Parjiman menika putra saking Harjosongko satunggaling Demang Semanu, mapan ing Cuwelo. Parjiman ngasta Lurah ing Gesing, minangka utusan saking paprentahan sanginggilipun, sasampunipun purna ngayahi jejibahanipun lajeng kondur dhumateng dalemipun piyambak.
Sasampunipun bangsa Indonesia Mardika tanggal 17 Agustus 1945 wiwit wonten pranataning nagari ingkang sampun tumata lan gumathok. Wekdal semanten lampahing paprentahan saking Kasultanan Kraton Ngayogjakarta, kalebet ingkang dipun utus mranata ing karang pradesan menika para demang kaliyan bekel. Lajeng desa Gerotan ingkang anggadhahi para warga ingkang kathah dipun tarosi, badhe madeg minangka desa piyambak manut pranataning nagari utawi badhe manunggal kaliyan desa Gesing. Amargi kawontenan siti lungguh ingkang kirang wiyar, para warganipun dereng saged maca-nulis kangge nglampahaken laku jantraning paprentahan, pramila Gerotan milih manunggal kaliyan desa Gesing ing warsa 1946.
Lurah ingkang ngasta ing wewengkon Kalurahan Gesing salajengipun menika racak-racakipun mboten piyantun saking tlatah menika. Lurah Pawiroharjo utawi Prawiroharjo, piyantun saking tlatah Kemiri, minangka Lurah ingkang pungkasan ngasta ing kalurahan Gesing.

Foto 32. Ki Pawiroharjo kaliyan garwa

Pinangka lurah ing Gesing warsa 1930- 1946 amargi nuhoni dhawuh utawi dipun utus dening paprentahan kawedanan Wonosari, Kabupaten Gunungkidul. Pawiroharjo menika trah saking Eyang Putri Wonodikromo, Kemiri Putra saking Ki Poncosentono kaliyan Ibu Suradiyah, rayi saking Bapak Poncopawiro utawi Lurah Kemiri. Lurah Pawiroharjo kagungan garwa Ny.Pawiroharjo utawi Tukinah utawi Mbah Boging saking tlatah Semugih, Rongkop, kagungan putra cacah sekawan inggih menika :
- Warsinah utawi Ny. Sastrowijoyo ing Ploso, Sumberwungu,
- Suwarti, utawi Ny. Pawiro Sumarto ing Winangun,
- Istini,
- Sugiyanto,
Karana tigang kalurahan nyawiji dados Desa Purwodadi ing dinten Jemuwah Legi 24 Januari 1947, pramila Pawiroharjo purna ngasta minangka lurah, pidalem wonten tlatah Gesing ngantos dumugi sedanipun, dipun sarekaken wonten tlatah Kemiri, wangsul dhumateng asal-usulipun. Langkung gamblangipun supados mriksani silsilah ing ngandhap menika.
Silsilah Ny Wonodikromo Saking Kemiri


Foto 33. Ny. Pawiroharjo kaapit Pawiro Sumarto lan Suwarti

Ing ngandhap menika, saperangan alit seratan lawas utawi kuno ingkang saged kakempalaken kados dene Register Poetoesan Doesoen ingkang dipun tapak astani Tjarik utawi carik Sastrowiharjo ing warsa 1939.

Foto 34. Serat Putusan Dusun Kalurahan Gesing
Ing dlancang seratan kina sanesipun, dipun aturaken babagan putusan dhusun, wonten ing mriku dipun tapak astani dening Lurah Gesing Pawiroharjo saha Carik Sadiman nalika tanggal 11 April 1933 lan tanggal 12 Oktober 1935.


Foto 35 . Satunggaling Serat Putusan Dhusun

Asma carik ingkang kaserat wonten ing putusan dhusun ing nginggil nyebataken Sadiman saha Sastrowiharjo. Dipun pitados bilih asma kekalih kala wau namung satunggal tiyang kemawon. Karana Sadiman menika asma alit saking Sastrowiharjo utawi Mbah Mandhor. Piyantun mijil saking tlatah Bleberan, Playen minangka utusan saking Kawedanan Semanu, kabupaten Gunungkidul supados ngasta minangka carik ing Kalurahan Gesing. Dipun wastani Mbah Mandhor, awit sasampunipun manunggaling tigang kalurahan dados Desa Purwodadi, Sastrowiharjo ugi purna anggenipun ngasta carik, lajeng pados pakaryan sanesipun minangka Jagawana utawi Mandhor Kayu. Karana ing wekdal semanten kathah wana- wana Kehutanan utawi Siti AB ingkang kebak wit-witan utaminipun wit jati, saengga Sastrowiharjo supados njagi panggulawentahing wana jati kala wau.
Sastrowiharjo bebrayan ambangun balewisma kaliyan Warni utawi Suwarni utawi Mbah Mandhor putri, inggih menika putra saking Lurah Radyo Suwito ing Winangun. Semanten ugi, putri saking lurah Pawiroharjo utawi Prawiroharjo, ingkang asma Suwarti bebrayan lan Pawiro Sumarto, inggih menika putra saking Ibu Suwartinem utawi rayinipun Radyo Suwito kaliyan Sastro Handoyo. Kawontenan menika ndadosaken rumaketipun kekadangan miwah pasedherekan ing antawisipun Kalurahan Gesing kaliyan Kalurahan Winangun.
Wewengkon kalurahan Gesing kadadosan saking tlatah Gesing kaliyan tlatah Gerotan. Sangsaya dangu wewengkon kalurahan Gesing sangsaya ngrembaka kaliyan para warganipun langkung kathah, saengga tuwuh kekajengan bilih tlatah Gesing kedah dipun perang-perang dados padhukuhan, kala semanten wonten Padhukuhan Gesing, Padhukuhan Gerotan I, Padhukuhan Gerotan II, Padhukuhan Gerotan III, lan Padhukuhan Gerotan IV. Padhukuhan menika ingkang dados cikal bakaling Padhukuhan wekdal samenika inggih menika: Gesing I, Gesing II, Gerotan, Kenis, Brongkol, Jimatan.
Nalika semanten, lampahing paprentahan dipun asta lurah, kabiyantu dening pamong desa sanesipun, antawisipun; Carik, Jagabaya, Jagamiruda, Kaum, Kemakmuran, kaliyan Kepala Dhukuh. Wonten ing kukuban tilas kalurahan Gesing tasih dipun panggihaken sebatan-sebatan pamong desa lawas kados ing seratan nginggil kagem para pinisepuh ingkang tasih gesang.
Kawontenan bumi Gesing menika arupi redi, lan pategalan ingkang mboten wiyar tinimbang kaliyan kalurahan sanesipun, saengga siti ingkang dipun garap dening para warga kaliyan pamong desa langkung ciut tinimbang kalurahan sanesipun. Saking kawontenan menika, tataran panggesangan ing kalurahan Gesing kirang ngremenaken. Kabetahan toya resik kangge gesang saben dinten ugi langkung winates, amargi wewengkon menika mboten gadhah sumber toya menapa dene sumur. Para warganipun namung ngendelaken pakaryan among tani kemawon.
Saking cariyos kala wau, jumbuh kaliyan kawontenan, sadangunipun madeg minangka kalurahan piyambak-piyambak, kanyata tataran panggesangan para warga menika benten-benten antawisipun setunggal kalurahan kaliyan kalurahan sanesipun ateges kemakmuran menika mboten warata.
Kasempyoking jaman penjajah bangsa Walanda ugi sanget dipun raosaken dening tigang kelurahan kala wau. Kalurahan dipun dukumba utawi adu domba supados para warga kaliyan nayakaning praja sami regejegan, mboten saged akur, saengga bangsa Walanda saged gampil anggenipun njajah lan nguwaosi wewengkon menika. Bangsa penjajah nggadhahi pemanggih, bilih para warga ing tigang kalurahan menika menawi manunggal badhe kiyat, ngrekaos anggenipun njajah desa.
Kanthi kawontenan ingkang mekaten, para tetuwangganing kalurahan antawisipun R.Ng. Radyo Suwito ing Winangun, Ki Mangun Pawiro ing Danggolo lan Pawiroharjo ing Gesing sami nggadhahi penggalih sarujuk badhe manunggal nyawiji dados satunggaling Kalurahan. Ancasipun kangge karukunan, nyupeketaken kekadangan, pasedherekan, kemakmuran saged warata kagem para warga ing tigang kalurahan.


(Sengkalan warsa 1947 )

Gambar Kawontenan Bumi Purwodadi

Miturut seratan ingkang wonten, nalika warsa 1933, kelurahan Winangun, Danggolo miwah Gesing menika tasih madeg piyambak-piyambak, adhedasar serat Poetoesan Doesoen tasih nyebataken Kalurahan Gesing ingkang ngasta lurah, R.Ng Prawiraharjo, ing Winangun ingkang ngasto lurah Sastro Suwito kanthi gelar Raden Ngabehi Radyo Suwito, Ugi ing Danggolo Lurahipun Ki Mangun Pawiro.

Foto 36. Serat Putusan Dhusun

Sasampunipun pikantuk pangandikan pinisepuh saha para sutresna sejarah, panyerat ugi madosi, seratan, buku, dokumen, naskah lawas utawi kuno ingkang tasih wonten. Seratan kala wau dados bukti nyata kadadosan ing jaman rumiyin kados dene ing ngandhap menika :

Foto 37. Register Poetoesan Doesoen
Dene seratan Leter C ingkang dipun taliti ugi tasih kaperang dados tigang kalurahan kados dene bukti ing ngandhap menika ingkang dipun serat warsa 1942.

Foto 38 . Kempalan : sumber seratan kuno.


Foto 39. Buku Leter C jaman rumiyin.
Isen-isening seratan kuno ing nginggil, ngginaaken basa Jawa lan sebatan Basa Walanda. Wekdal semanten punjering paprentahan nagari Indonesia tasih manut pranataning bangsa Walanda.
Miturut bukti-bukti sejarah ingkang tasih wonten ing Kelurahan Purwodadi, mratelaaken bilih desa menika mujudaken kalurahan ingkang sampun lumampah kanthi sae lan tumata. Sedaya dokumen administrasi paprentahan kalurahan ingkang dipun serat ngangge basa lan aksara Jawa tasih jangkep.
Salajengipun miturut Maklumat Nomer 5 Warsa 1948 babagan ewah-ewahan nami kalurahan ing wewengkon Ngayogyakarta Hadiningrat utaminipun ing kapanewon Tepus, nembe dipun tetepaken dados Kalurahan Purwodadi nalika Warsa 1948.
No Kapanewon/
Kalurahan enggal Kalurahan
Lami Nomer Kalurahan
XI Tepus
10. Purwodadi 17. Winangun 125
18. Danggolo
19. Gesing
Cuplikan isi Maklumat Nomer 5 Warsa 1948.

Cuplikan isi Maklumat ing nginggil mratelaaken bilih kapanewon Tepus mlebet wewengkon Kabupaten Gunungkidul kanthi urutan nomer sewelas, ingkang kedadosan saking sangalas Kalurahan. Lajeng Kalurahan Purwodadi menika dados kalurahan enggal urutan 125 sakabupaten ingkang kadadosan saking tigang kalurahan inggih menika Winangun, Danggolo, Gesing. Kanthi Maklumat menika sah dados Kalurahan Purwodadi.
Dene babagan panyerating serat kekancingan siti lungguh menika sampun nyebataken asma lan jembaring siti, kados ingkang kaserat ing ngandhap menika.

 

Foto 40. Seratan para Pamong Desa lan siti lungguh.

Wonten ing seratan nginggil menika kedadosan saking :
- R.P. Poedjodidjojo utawi Penewu
- Sarman
- Radyo Suwito utawi Lurah, saking Winangun,
- Sastro Wiharjo utawi Ketua D.P.R Desa, saking Gesing,
- Mangun Pawiro utawi Ketua Majelis, saking Danggolo,
- Sastro Mujiyono utawi Carik, saking Winangun,
Nalika semanten ing warsa 1947 dipun pitados, bilih seratan menika satunggaling kasunyatan para lurah lan pamong desa sampun awiwiti ngadani manunggaling tigang kalurahan, amargi para punggawa ingkang kaserat ing nginggil kala wau kadadosan saking tigang kalurahan.
Tetuwangganing praja lan prabot kalurahan ingkang ngasta nalika semanten ingkang kaserat salebeting buku kuno, ing antawisipun;
1. R.Ng Radyo Suwito : Lurah
2. Sastro Mudjijono : Tjarik
3. Marto Sentono : Kamituwo
4. Pawiro Sumarto : Ulu-ulu
5. Marto Wihardjo : Djagabaja
6. Muh. Munasir : Kaum
7. Wara : Pembantu
8. Supardi : Pembantu
9. Marto Subardjo : Pembantu
10. Harto Wardojo : Pembantu
11. Pontjoredjo : Pembantu
12. Lasa : Pembantu
13. Wirjowidjojo : Pembantu
14. Sopawira : Pembantu
15. Marto Sukito : Pembantu
16. Muh. Amir : Pembantu
17. Amatsalih : Pembantu
18. Dullamin : Pembantu
19. Tulus : Kepala Dukuh
20. Tomoredjo : Kepala Dukuh
21. Sonokarijo : Kepala Dukuh
22. Martoredjo : Kepala Dukuh
23. Kertowidjojo : Kepala Dukuh
24. Mentowikromo : Kepala Dukuh
25. Suwitotaruno : Kepala Dukuh
26. Djakarijo : Kepala Dukuh
27. Wanaredja : Kepala Dukuh
28. Partosentono : Kepala Dukuh
29. Imannadi : Kepala Dukuh
30. Mesin : Kepala Dukuh

Foto 41. Seratan perangane Pamong ing warsa 1947

Seratan ing nginggil menika, Lurah Raden Ngabehi Radyo Suwito anggenipun mantha-mantha wiyaring siti lungguh, kangge para prabot kalurahan.
Ing seratan ngandhap piyambak kaserat Surya 24 wulan Januari Warsa 1947, utawi dinten Jemuwah Legi 2 Mulud 1878 warsa Je, mangsa kapitu, wukunipun Warigagung.
Miturut petangan Jawa bilih tanggal panetepan kala wau weton utawi neptunipun gunggung 11 saking weton Jemuwah = 6 + Legi=5. Gunggung 11 dipun suda 9 tirah 2. Angka 2 ing babagan dinten mengku suraos mugiya manggih widada kalis nir sambikala, gemah ripah loh jinawi. Tegesipun para pinisepuh netepaken dinten pinilih menika kanthi petangan cara Jawa ingkang nggadhahi gegayuhan luhur.
Dinten saha tanggal ingkang wonten ing seratan menika lajeng dipun tetepaken minangka lelandhesan dados dinten DUMADINING DESA PURWODADI, Surya 24 wulan Januari Warsa 1947, utawi dinten Jemuwah Legi 2 Mulud 1878 warsa Je, Kanthi candrasengkala “Giri Samodra Gapuraning Atunggal”.
Watak utawi wilanganing tembung sengkalan ing ngginggil, inggih menika:
Giri = 7
Samodra = 4
Gapuraning = 9
Atunggal = 1
Seratan sengkalan nginggil menika menawi dipun waos angkanipun dipun walik urutanipun dados 1947. Menawi dipun serat mawi aksara Jawa kados ngandhap menika.


Gegambaraning Candrasengkala.
Candrasengkala ing nginggil menika kangge nggambaraken kawontenan ing Desa Purwodadi. Kukuban Desa Purwodadi menika kadadosan saking gunung utawi giri lan samodra ing sisih kidul. Giri lan Samodra samangke dipun gulawenthah, dipun gatosaken murih dados ulu wetu sageda kangge kacekapaning gesang tumraping para warga.
Lumantar giri lan Samodra pinangka lawang utawi gapura manunggaling masarakat nyawiji nggayuh kawontenan ingkang gemah ripah loh jinawi. Gegambaran menika dados pepeling minangka warsa manunggaling Desa Purwodadi inggih menika 1947.


Wonten ing buku sejarah menika, panyerat amiwiti cariyos ingkang ngasta tlatah Kalurahan Winangun, kalajengaken Kalurahan Danggolo lan Gesing.
KALURAHAN WINANGUN
1. Kariyo Setiko (1921- 1928)
Simbah Kariyo Setiko kanthi sebatan Mbah Bekel, menika salah satunggaling tiyang ingkang dumugi saking tlatah Jepitu Rongkop. Dipun utus supados njagi kawontenan ing tlatah Winangun minangka Jaga Miruda. Salebetipun ngasta Jaga Miruda saget nindhakaken kanthi sae ugi dipun pitados gadhah ngilmu ingkang linuwih, pramila para warga sarujuk netepaken Mbah Kariyo Setiko dados pengarsaning kalurahan utawi lurah ing Winangun.
Sasampunipun Ki Kariyo Setiko ngasta lurah ugi sinebat Ki Bekel Kariyo. Ki Bekel Kariyo Setiko ambangun utawi yasa griya Joglo kangge dalem ugi pinangka punjere paprentahan.
Kagungan garwa Ny Kariyo Setiko, kaparingan putra cacah 3 inggih menika :
1. Suwardi utawi Sastro Suwito/Radya Suwito kagungan putri asma Warni kagarwa Sastrowiharjo utawi Mbah Mandor pidalem ing Winangun tabonipun Ki Kariyo Setiko menika.
2. Wartinem pidalem ing Karang Tengah, Winangun, kagarwa dening Sastro Handoyo saking tlatah Dloka, kagungan putra cacah sanga inggih menika : Sastro Mujiyono, Sunarno, Su’imin utawi Pawiro Sumarto, Supardam, Parsini, Sukatman, Sumarno, Suyati, Sulasti.
3. Suwarlam utawi Wiryo Wijoyo, Mbah Wir pidalem ing Padhukuhan Ngandong, Purwodadi kagungan putra cacah sekawan inggih menika : Warsiyah, Waki, Marekan, Tubiran.
Dene urut-urutanipun, putra wayah para lurah ingkang nate ngasta, wiwit jaman Ki Kariyo Setiko ngantos dumugi samenika, kados silsilah ing ngandhap menika :

Kawontenan nalika semanten dereng wonten wewangunan, tatanan lan pranatan ingkang gumathok, nanging para warga sanget anggenipun nggatosaken dhawuhipun lurah. Ing jaman Ki Kariyo Setiko sampun ngawontenaken maneka warni upacara adat lan tradhisi, antawisipun nindakaken upacara adat rasulan, nyadran, gumregan, lan sanes-sanesipun. Upacara rasul ing tlatah Winangun dipun gelar saben dinten Rebo Legi kanthi lampahan lan ubarampe ingkang jangkep. Saben nindakaken upacara rasul, dipun regengaken kridhaning beksan tayub ing pesisir Nglambor, ngantos dumugi wedal samenika tasih lumampah kanthi sae. Dene upacara tradisi antawisipun Mitoni, Wilujengan lairan, Supitan, lan sanesipun tasih dipun lestantunaken dening para warga Desa Winangun.


Foto 42. Griya Joglo yasanipun Ki Kariyo Setiko.

Bilih saben upacara adat rasulan ugi kagem ngregengaken kawontenan mesthi dipun wonteni beksan tayub kanthi iringan gangsa sawontenipun.
Miturut cariyos nalika semanten gangsa kangge iringan tayub pikantukipun kanthi lampah prihatos. Lurah Ki Kariyo Setiko nindakaken puja semedi wonten ing Sendhang Welutan nyuwun ngampil gangsa. Awit keparengipun Gusti kasunyatan gangsa sampun cumawis ingkang sinebat Kyai Slamet. Lajeng Ki Kariyo Setiko utusan para warga supados ngusung gangsa menika wonten ing kalurahan lajeng dipun tabuh supados regeng. Menawi sampun paripurna anggenipun nabuh, gangsanipun lajeng dipun wangsulaken wonten papan dunungipun ing sendhang Welutan, kanthi Ki Kariyo Setiko semedi, dumadakan gangsa wau sampun ical utawi musna mboten kawistara. Prastawa menika sampun makaping-kaping saben ngawontenaken upacara adat rasul.
Nanging wonten kedadosan amargi gayor lan gong Kyai Slamet kalepyan utawi kajarag mboten dipun wangsulaken ing papan asal-usulipun ing Sendhang Welutan, ndadosaken gangsa kala wau sampun mboten saged dipun suwun ngampil malih.
Kawontenan ing padhusunan Winangun jaman lurah Kariyo Setiko, tasih kathah wit-witan ageng, kebak gegrembelan, wana dereng dipun babat, awit warganipun nembe sekedhik. Bale wisma kathah-kathahipun saking pring, kayu, gedheg, payonipun alang-alang. Wiyaripun margi udakawis setunggal meter, saking tatanan sela, namung saged dipun langkungi tiyang mlampah kemawon. Kabetahan gesang namung ngendelaken uluwetu saking desa kasebat. Dereng wonten wewangunan pasar kagem dol-tinuku, bakul tasih arang ingkang mlebet ing desa menika.

Gambaran Kawontenan nalika semanten.
Ki Kariyo Setiko seda warsa 1929, layonipun kapetak ing pasareyan keluarga Buh Lor, Karang Tengah, Winangun.


Foto 43. Maesan pasareyan Ki Kariyo Setiko

2. MANGOEN WIHARDJO (1929 – 1939)
Sasampunipun Ki Kariyo Setiko seda warsa 1928, Lurah ingkang ngasta paprentahan ing Winangun nggih menika Mangoen Wihardjo, asring sinebat Mangun Wiraga ingkang asalipun tlatah Wangen Pacarejo, Semanu minangka utusan saking Kawedanan Semanu, Gunungkidul ingkang nggantos Ki Kariyo Setiko.
Nalika semanten dereng wonten wujudipun bale desa, punjere paprentahan manggen wonten ing dalemipun Bapak Pawiro Sumarto, amargi Mangoen Wihardjo namung Lurah utusan utawi benuman mboten tiyang asli wewengkon Winangun.


Foto 44. Serat kina jaman Mangoen Wihardjo.
Ing seratan kuna warsa 1939 menika, njlentrehaken bilih ingkang ngasta lurah kalurahan Winangun dipun serat Mangoen Wihardjo lan carikipun Sastrowihardjo utawi mbah Mandor. Tegesipun, ing jaman menika nembe wonten satunggaling wewengkon sinebat kalurahan utawi dhusun Winangun, sedaya siti ing tlatah menika dipun wastani Winangun, dereng wonten perang-peranganipun tlatah padhukuhan kados wekdal samenika. Kejawi sampun nate ngasta Carik ing kalurahan Gesing, Sastrowiharjo ugi nate ngasta Carik ing wewengkon Kalurahan Winangun.
Kalurahan Winangun sangsaya ngrembaka para warganipun sangsaya kathah, lajeng kukuban Winangun kaperang dados sanga padhukuhan inggih punika, Winangun, Cepogo, Ngandong, Pringsanggar, Wuluh, Ngande-ande, Kotekan, Duwet, saha Cakbohol ingkang dipun pangarsani dening Dhukuh utawi Kepala Dhukuh. Kanthi menika, menawi tilas kalurahan Winangun menika ngadani upacara rasulan, dinten Rebo Legi, pangombyongipun kadadosan saking sanga padhukuhan kala wau.
Sasampunipun Kelurahan Winangun ngawontenaken pilihan lurah, lan kasil netepaken lurah enggal, Mangoen Wihardjo lajeng kondur malih ing dalemipun piyambak ing tlatah Wangen, Pacarejo, Semanu.

3. SASTRO SUWITO utawi RADYO SUWITO (1939- 1947).
Sastro Suwito menika asma alit saking lurah Radyo Suwito lair ing warsa 1902 putra mbarep saking Ki Kariyo Setiko pinilih minangka lurah Winangun salajengipun kanthi cara pilihan warga kanthi nglebetaken biting utawi bitingan.
Bebrayan kaliyan garwanipun Ny. Suteng mijil saking tlatah Blekonang, Tepus. Dipun cariyosaken bilih garwanipun Sastro Suwito menika tasih kerabat Lurah Kalurahan Blekonang lami nalika semanten. Kagungan putra cacah satunggal mijil estri ingkang sinebat Suwarni ingkang kagarwa Sastrowiharjo utawi Mbah Mandor.


Foto 45. Keluarga Radyo Suwito

Dipun cariyosaken bilih lurah Radyo Suwito, ambangun bebrayan mboten namung sepisan. Sanesipun garwa ingkang kaserat kala wau, Radyo Suwito ugi nate gesang bebrayan kaliyan Ny.Tukinah piyantun saking tlatah Sureng. Radyo Suwito kaliyan garwa Ny.Tukinah saged yasa griya saha pidalem ing tlatah Jeruk, wewengkon padhukuhan Pringsanggar. Sadangunipun bebrayan kaliyan Ny.Tukinah, Radyo Suwito mboten kaparingan putra. Sasampunipun Lurah Radyo Suwito seda, Ny.Tukinah lajeng kaboyong wonten ing Sureng kalebet griyanipun. Pramila ing wewengkon Sureng menika wonten sebatan Mbah Lurah Jeruk. Mratelaken bilih Ny.Tukinah menika nate gesang bebrayan kaliyan lurah Winangun ing tlatah Jeruk.
Menawi badhe tindakan utawi lelampahan, Radyo Suwito nitih jaran utawi turangga werni pethak peparap “Jaran Mei”, kalebet menawi badhe pisowanan wonten ing Kapanewon, dhumateng Kawedanan ugi dhumateng Kraton Ngayogyakarta. Radyo Suwito asring dipun wastani Mbah Lurah Nginang amargi Radyo Suwito kagungan karemenan nginang saben dintenipun. Radyo Suwito ugi sinebat Lurah Mantri, kaparingan gelar Raden Ngabehi lan dipun kantheni pusaka kraton arupi payung utawi Songsong seret, srempang kuning saking Sri Sultan Hamengkubuwono IX, awit labuh labetipun anggenipun ambangun margi tumuju kapanewon utawi kecamatan Tepus lan nanem wit-witan sakanan-keringing margi kala wau. Margi ingkang dipun garap ing nalika semanten, margi alit ingkang dipun urug mawi selo gamping. Para warga sami gotong royong mendhet selo gamping sinebat Lemah gawan kanthi cara dipun pikul, saking tlatah Gesing dipun urugaken warata sadawanipun margi. Dipun sebat Lemah Gawan amargi dipun beta dening para warga arupi selo gamping werni pethak dipun ginaaken kangge ngurug sapanjangipun margi, biasanipun saben badhe ngawontenaken upacara rasul utawi besik desa.

Foto 46. Wujudipun Songsong Seret
Ing jaman Radyo Suwito sampun wonten wujudipun Pasar ing tlatah Cangsewu, Gesing. Lajeng miwiti ambangun adeging pasar malih ing papan sanes. Pasar menika kawiwitan, rikala Radyo Suwito kondur saking pisowanan ing Kraton Ngayogyakarta dumadakan manggih satunggaling wiji ringin ingkang thukul ing tlatah Rejo Winangun, dipun pundhut dening Radyo Suwito dipun asta kondur lajeng dipun tanem ing papan kangge mbikak pasar, saengga pasar kala wau dipun wastani Pasar Temon awit taneman ringin menika anggenipun manggih utawi nemu, Pasar Temon mapan ing padhukuhan Pringsanggar Warsa 1951 ingkang ngawontenaken pasaran saben dinten Pon wanci siang ngantos sonten. Kangge ngregengaken wontenipun pasar, Lurah Radyo Suwito ambangun sarana pasar. Dipun cariyosaken Bapak Mursito (65) warga Winangun, bilih, griya pasar menika boyongan saking wewengkon Cangsewu nalika dinten Rabu Pon. Kejawi menika, supados pasar sangsaya regeng, dipun beberaken ringgit purwa utawi wayang kulit saha seni kabudayan sanesipun. Wonten cariyos sanes, bilih siti kagem srana adeging pasar Temon dipun pundhut dening Radyo Suwito saking wewengkon Rejo Winangun, Kotegede, Ngayogjakarta kabiyantu dening abdi kinasih Mbah Po Sutikem lan Mbah Tro Semito utawi Mbah Gosong. Para bakul ingkang ngregengaken dinten pasaran menika, bakul pindhahan saking pasar Jepitu kanthi titihan Jaran kangge ngusung daganganipun. Para warga wiwit saged dol-tinuku uluwetu amongtani kaliyan kabetahan gesang sanesipun.
Nalika semanten, Lurah Radyo Suwito dereng yasa bale kalurahan, saengga punjering paprentahan lumampah wonten ing griya joglo dalemipun piyambak tilaranipun Ki Kariyo Setiko.
Nalika Lurah Radyo Suwito ing Winangun, wonten ing Kalurahan Danggolo dipun pandhegani Ki Mangun Pawiro dene Kalurahan Gesing Ki Pawiroharjo. Tetiga lurah kasebat pirembagan nalika dinten Jemuwah Legi Surya 24 Januari 1947, sarembag netepaken bilih badhe nunggilaken dados satunggal kelurahan. Pirembagan sarujuk ingkang dados pangarsaning lurah sepisan ing Kalurahan Purwodadi Ki Lurah Radyo Suwito ngantos warsa 1965. Sinebat Purwodadi saking tembung Purwo tegesipun Wiwitan, Dadi tegesipun dados, kaajab Purwodadi menika saking wiwitan dadiya desa ingkang subur makmur.

URUTANING LURAH ING KALURAHAN PURWODADI
1. Ki Radyo Suwito ( 1947 – 1965).
Perkawis ingkang wigatos ing jaman Lurah Radyo Suwito kados dene ing ngandhap menika :
- Sebatan perabot desa nalika semanten antawisipun : Lurah, Ulu ulu, Carik, Kamituwa, Kaum, Pembantu, Kepala Dukuh.
- Pranataning paprentahan ing nalika semanten sampun wiwit tumata manut paugeraning nagari, babagan siti, serat-serat wigatos, serat ulem, kaliyan sanes sanesipun.

Foto 47. Wujudipun serat ulem
- Seratan babagan pranataning siti ugi sampun tumata, awit ing mapinten-pinten seratan utawi dokumen mratelaaken paprentahan nalika semanten lumampah kanthi sae.
- Sangsaya dangu, Kalurahan Purwodadi sangsaya ngrembaka lan langkung kathah cacah jiwa warganipun, pramila kangge nggampilaken anggenipun mranata para warga, wewengkon ing Kalurahan Purwodadi lajeng kaperang dados mapinten-pinten padhukuhan.

Foto 48. Buku perangane siti kagunganipun warga

- Peranganing padhukuhan ing wewengkon Desa Purwodadi ugi sampun jumbuh kaliyan wekdal samenika. Amargi ing warsa 1952 kathah dumadining padhukuhan enggal ingkang sampun karipta kados dene, padhukuhan Cakbohol, Cepogo, Ngande-ande.

Foto 49. Seratan padhukuhan
- Sampun wonten wujudipun pawiyatan SD Gesing