Penulisan Buku Sejarah Desa "DUMADINING DESA PURWODADI"

27 Februari 2019 10:47:42 WIB

Buku sejarah Dumadining Desa Purwodadi, saestu dipun serat kagem ngurmati para pinisepuh, sesepuh, leluhur ingkang sampun ngripta desa menika, kaajab kita sedaya sageta nguri-uri tilaranipun lan nuhoni piwucalipun. Kakempalaken miterat cariyos para winasis, pinisepuh, sesepuh, lan tokoh budaya ingkang saget dipun pitados cariyosipun. Mboten katalumpen ngaturaken matur nuwun tanpa pepindhan dhumateng sedaya kemawon ingkang sampun paring pambiyantunipun gegayutan kaliyan panyerating buku menika.Mugiya buku sejarah menika saget nambahi seserepan lan migunani dhumateng para sutresna budaya sekaliyan. Amin.

Ringkesing Cariyos :

Dumadining Desa Purwodadi dening Novianto Eko.P. (2018). Sak derengipun dados karang pradesan ingkang ageng, wewengkon Desa Purwodadi arupi alas utawi wana kathah wit-witan ageng. Para leluhur asma Mbah Dalem (Diposetiko), Nyi Dalem lan Nyai Kancing ingkang dipun pitados minangka pandherek lan abdi kinasih Sunan Kalijaga lelana dumugi papan panggenan menika, lajeng babad alas dados panggenan ingkang sae (wangun) kangge gesang pramila kawastanan Winangun. Sansaya dangu warganipun sansaya kathah, ngrembaka, saengga babat alas ing sanes panggenan saperlu mbangun desa malih. Nanging amargi kawontenan desa menika mboten sami antawisipun satunggal desa kaliyan desa sanesipun, wiyaring siti lan kemakmuran ingkang mboten warata, ndadosaken kawontenan kirang rukun. Kanthi menika tewah pikajengan para warga lan pamong desa badhe manunggal dados desa ingkang guyub rukun, gemah ripah loh jinawi.

Kejawi Kalurahan Winangun ingkang sampun rumiyin ngrembaka kanthi Lurah Radyo Suwito, desa sanesipun inggih menika Kalurahan Danggolo kanthi lurah Mangun Pawiro saha Kalurahan Gesing kanthi lurah Pawiroharjo. Ing jaman tigang lurah menika ingkang amiwiti Dumadining Desa Purwodadi ing warsa 1947, dipun tetepaken sah kanthi Maklumat Nomer 5 warsa 1948, Radyo Suwito ingkang kepareng minangka Lurah. Sak sampunipun manunggal dados Desa Purwodadi, kawontenan sansaya sae, gesang ayem tentrem, makmur warata.

Purwodadi, saking tembung “Purwo” tegesipun wiwitan, “dadi” sampun mastani. Menawi dipun pendhet inti sarinipun : Kabeh sedulur, Manunggal, Kabeh Makmur.

Dokumen Lampiran : Penulisan Buku Sejarah Desa "DUMADINING DESA PURWODADI"


Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar